Kapinteran mono mujudake garan kanggo sanguning ngaurip. Iku ngendikane simbah biyen. Sing dikersakake pinter ora liya pinter ing babagan ngudi kawruh ing pamulangan utawa sekolahan. Mula diwanti-wanti dadi bocah kudu pinter sekolahe. Di kudang-kudang supaya tembe burine dadi bocah kang utama. Yen pinter sekolahe katekan gegayuhane lan kepenak uripe. Sebab yen dadi bocah bodho, ora bisa ngolah pikir, ing tembe burine bakal longa-longo kaya kebo. Dadine uwong ya mung wong nganggur, mrana mrene gampang diapusi lan dipenthungi. Beda yen bocah pinter. Pinter sekolahe besuke dadine uwong ya pinter sakabehe. Pinter nyambut gawe, lan pinter labuh labet negarane. Sandhang pangan teka dhewe omah gedhong kari manggon.
Gegambaran bocah pinter mono uga gampang nggayuh drajat, pangkat, lan kalungguhan. " Panjalukku marang kowe kabeh le, ndhuk, sing bagus dhewe, sing ayu dhewe, temenna nggonmu sinau, pinterna nggonmu sekolah, dadia bocah kang utama, ngluhurake asmane wong tuwa, migunani tumrap agama, nusa, lan bangsa ....., " mangkono panyuwune wong tuwa tumrap putra-putrane, sumrambah marang putu lan buyute.