Change the world by words. Think anything, anywhere. Create the imagination, then Let's share the inspirations.

22 December 2010

PINTER KALAH KARO BEJA (Versi Jawa)

Kapinteran mono mujudake garan kanggo sanguning ngaurip.  Iku  ngendikane simbah biyen. Sing dikersakake pinter ora liya pinter ing babagan ngudi kawruh ing pamulangan utawa  sekolahan.  Mula diwanti-wanti dadi bocah kudu pinter sekolahe.  Di kudang-kudang supaya tembe burine dadi bocah kang utama. Yen pinter sekolahe katekan gegayuhane lan kepenak uripe. Sebab yen dadi bocah bodho, ora bisa ngolah pikir, ing tembe burine bakal  longa-longo kaya kebo. Dadine uwong ya mung wong nganggur,  mrana mrene gampang diapusi lan dipenthungi. Beda yen bocah pinter. Pinter sekolahe besuke dadine uwong ya pinter sakabehe. Pinter nyambut gawe, lan  pinter labuh labet  negarane. Sandhang pangan teka dhewe omah gedhong kari manggon.

Gegambaran bocah pinter mono uga gampang  nggayuh drajat, pangkat, lan kalungguhan.   " Panjalukku marang kowe kabeh le, ndhuk, sing bagus dhewe, sing ayu dhewe, temenna nggonmu sinau, pinterna nggonmu sekolah,  dadia bocah kang utama, ngluhurake asmane wong tuwa, migunani tumrap agama, nusa, lan bangsa ....., " mangkono panyuwune wong tuwa tumrap putra-putrane, sumrambah marang putu lan buyute.


Embuh jalaran apa
"kebo" kok didadekake pralambange bocah bodho. Kamangka Kebo mujudake kewan sing jasane ora sithik tumraping para tani, utawa sing padha nggarap sawah.

Lire kepriyee ? Coba dipirsani bae, kae yen pinuju Pak Tani nggarap sawah, kewan sing digunakake kanggo ngrewangi ngolah sawahe ora liya kebo utawa sapi. Ora bakal nggunakake Wedhus, Babi, Celeng, utawa kewan  liyane.  Sebab kebo lan sapi mujudake kewan kang manutan.  Disabeti dipenthungi ora bakal nglawan.  Ngopenine ya ora kangelan. Cukup dipakani suket lan godhong-godhongan.


Apes tenan kebo kuwi.  Wis disabeti, dirudhapeksa dikongkon ngrewangi,  tambah dibodhok-bodhokake pisan.  Wis manut, ngalah, tambah dipilara pisan. Jare unen-unen kae  " gelem ngalah luhur wekasane ". Lha yen tumrap kebo lan sapi  unen-unen mau kok ora cocog babar pisan.  Sing cocog  " gelem ngalah gampang penthungane ".


Bisa uga amarga kahanan Kebo mangkono  kuwi kang diencokake kanggo nggambarake bocah utawa wong kang bodho.


Kebo pancen ngalah, beda karo Macan. Coba yen macan sing dipilara lan dirudhapeksa dikongkon ngrewangi nggarap sawah, ... sida sing ngrudapeksa di untal malang pisan.  Yen jare aku,
"kebo" pancen tinitah mangkono. Lha "kebo" tur kawentar "bodho",  iku Kebo Ijo jaman Singosari. Dheweke ora tumindak cidra lan culika, nanging malah diukum pati amarga  pokal gawene Ken Arok.  Ken Arok pancen pintere nggegirisi, pinter ngapusi lan uga pinter ngakali.
Embuh kepriye, apa simbah kurang pana wawasane, apa pancen wis rusak jamane. Pandom piwulang lan falsahe simbah wis ora bisa kanggo mangsuli pitakonan jaman saiki.

Lire kepriyee ?


Uwong sing  sekolahe bodho longa-longo kaya "kebo" iku golek gaweyan kok malah gampang. Uripe ora kapiran, bisa nglungguhi
"kursi berbintang".  Si "kebo" malah sabendinane bisa manggut-manggut keplok bokong kendhangan dhengkul.

Kosokbaline uwong sing sekolahe pinter golek gaweyan niba-nangi nganti klenger, lamarane ora tau di reken. ( diperhitungkan )


Pinter sekolahe ora njamin  bisa dadi kepenak  uripe.  Pinter sekolahe ora njamin bisa dadi kaleksanan  gegayuhane.  Jujur pakartine ora njamin bisa nuntun marang kahanan kang mujur. Malah-malah bisa dadi kosok baline, sing jujur dadi ajur.


Embuh kepriye, apa simbah kurang pana wawasane, apa pancen wis rusak jamane. Pandom piwulang lan falsahe simbah wis ora bisa kanggo mangsuli pitakonan jaman saiki.


Lire kepriyee ?


Wong sing  sekolahe bodho malah saiki  bisa urip kepenak. Omah tingkat bondha donya turah-turah.  Drajat pangkat lan kalungguhan  mung kari nampa sawayah-wayah.


Contone kancaku SD sing arane "Bejo". Jaman sekolah dhisik bodhone ngungkul-ungkuli. Saben tampa raport diajar bapake amarga "abang" bijine. Aku wis lulus SMP dhewekke lagi lulus SD. Diparapi
"kebo" amarga pancen bocahe bodho longa longo kaya kebo.  Saliyane diparapi "kebo" uga diarani "kancil" amarga bocahe pokil, pinter ngapusi lan ngakali.  Bisa uga kepinterane ngapusi malah ngalahake kancil.

Kosok baline wong sing  sekolahe pinter malah saiki uripe kaya wong klenger. Golek gaweyan susah  mangane pindhah-pindhah omahe ora nggenah.  Kadhang melu simbah, kadhang neng terminal, kadhang turu sawah. Ijazah  "Sarjana" universitas ternama kalah karo ijasah  "Sarjana" universitas tersamar.


Embuh kepriyee, apa simbah ora blaka ngendikane, apa pancen wis rusak jamane. Pandom piwulang lan falsahe simbah mbingungake kanggo mangsuli pitakonan jaman saiki.


Bisa uga sing dikersakake simbah "pinter" iku ora mung pinter sekolahe, nanging uga pinter sakabehe. Pinter akale supaya bisa ngakali, pinter ngapusi supaya bisa ngapusi, pinter munafik lan sirik supaya bisa katon wong apik.


"Beja"
sanajan wonge bodho longa-longo kaya "kebo" nanging uripe saiki bisa kepenak. Sandhang pangan turah-turah omah gedhong magrong-magrong. Sing dadi pawitan lan piyandele dudu pinter sekolahe, nanging  amarga saka ana "PERDA" lan "PP" ne pejabat ing kuthane. PERDA tegese duwe Pertalian Darah, dene PP tegese Ponakane Pejabat. Luwih-luwih yen wis dikukuhake SK ( Sahabat Karib ) dening penggedhene.

Embuh kepriyee, apa simbah ora blaka ngendikane, apa pancen wis rusak jamane. Pandom piwulang lan falsahe simbah mbingungake kanggo mangsuli pitakonan jaman saiki.

Lire kepriyee ?


Saiki
"Kebo" sing diarani bodho tur longa-longo iku, ora mung kanggo ngrewangi nggarap "sawah", nanging uga  kanggo ngrewangi nggarap "apartemen" lan "departemen".

Embuh kepriyee ..., Embuh kepriyee ..., Embuh kepriyee ...   Apa simbah kurang pana wawasane, apa pancen wis rusak jamane.

Nanging jebul simbah luwih waskita marang kahanan langgeng lan nyata. Jaman morak-marik mengkone bakal tumata. Mungguh budi pakarti tumujua laku utama. Ngilangana angkara murka, nyingkirana tumindak nistha.  Taqwa'a marang Kang Kuwasa tresna'a marang sasama. Sabubare urip ing  donya bakal urip  ing alam purna. Sing becik ketitik sing ala ketara. Sabeja-bejane sing lali isih luwih beja sing eling lawan waspada.  Sing tumindak ala mengkone nemu cilaka Sing laku utama mengkone nemu mulya. Gusti Allah SWT luwih waskita.

( hermadi )


No comments:

Post a Comment

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...